Surat Adh Dhuha

Surat kaping 93 ing Al Qur'an

ad-Duha

Informasi
MaknaWaktu Duha
KlasifikasiMakkiyah
Surat ka93
JuzJuz 30
Statistik
Gunggung ruku'1 ruku'
Gunggung ayat11 ayat

Surat Ad-Duha (basa Arab:الضحى) ya iku surat kaping 93 sajeroning al-Qur'an lan dumadi saka 11 ayat. Surat iki éwoning surat Makkiyah lan mudhune sawisé Surat Al Fajr. Jeneng Adh Dhuha kajupuk saka tembung kang ana ing ayat kapisan, kang tegesé "wektu srengéngé munggah sepenggalahan".

Surat Adh Dhuha, nerangake babagan bimbingan pangopenaning Allah marang Muhammad kanthi ora tau mandheg lan ngandhut préntah marang Nabi supaya syukur marang nikmat kang diparingi déning Allah.

Tèksbesut

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَالضُّحَىٰ ﴿١﴾ وَاللَّيْلِ إِذَا سَجَىٰ ﴿٢﴾ مَا وَدَّعَكَ رَبُّكَ وَمَا قَلَىٰ ﴿٣﴾ وَلَلْآخِرَةُ خَيْرٌ لَّكَ مِنَ الْأُولَىٰ ﴿٤﴾ وَلَسَوْفَ يُعْطِيكَ رَبُّكَ فَتَرْضَىٰ ﴿٥﴾ أَلَمْ يَجِدْكَ يَتِيمًا فَآوَىٰ ﴿٦﴾ وَوَجَدَكَ ضَالًّا فَهَدَىٰ ﴿٧﴾ وَوَجَدَكَ عَائِلًا فَأَغْنَىٰ ﴿٨﴾ فَأَمَّا الْيَتِيمَ فَلَا تَقْهَرْ ﴿٩﴾ وَأَمَّا السَّائِلَ فَلَا تَنْهَرْ ﴿١٠﴾ وَأَمَّا بِنِعْمَةِ رَبِّكَ فَحَدِّثْ ﴿١١

Jarwanipunbesut

  1. Dhemi wayah ésuk.
  2. Lan wengi nalikané peteng.
  3. Pangeranira ora ninggal sira lan ora duka marang sira.
  4. Tumraping sira akherat iku luwih becik tinimbang donya.
  5. Lan Pangeranira bakal énggal apaparing marang sira, supaya sira rena (lega).
  6. Apa Alah ora uninga yèn sira iku bocah yatim, banjur aparing pangayoman.
  7. Allah nguningani yèn sira iku bingung nuli dituduhake dalan (pituduh).
  8. Allah nguningani yèn sira iku ora duwé nuli disugihake.
  9. Déné bocah yatim iku aja sira kanihaya.
  10. Lan yèn ana wong jejaluk, aja sira nulak.
  11. Peparinge Pangeranira kabungahan sira handhak-kandhakna.

Pokok-Pokok Isibesut

  1. Allah sapisan-pisan ora bakal ninggal Muhammad
  2. Isyarat saka Allah yèn uripé Muhammad lan dhakwahé kang bakal tambah apik lan tuwuh ngrembaka
  3. Ora kena ngécé bocah yatim lan nyenèni wong kang njaluk-njaluk
  4. Préntah nyebut-nyebut nikmat saka Allah minangka tandha syukur


Surat Sadurungė:
Surat Al Lail
Al-Qur'anSurat Sabanjurė:
Surat Al Inshirah
Surat 93