Sikhisme

Sikhisme (basa Punjabi: ਸਿੱਖੀ) punika salah satunggil agami paling ageng ing donya. Agami punika ngrembaka mliginipun nalika abad kaping-16 lan 17 ing India. Tembung Sikhisme asalipun saking tembung Sikh, ingkang tegesipun "murid" utawi "pelajar".

Kapitadosan-kapitadosan utami salebetipun Sikhisme inggih punika:

  • Pitados salebetipun satunggil Gusti ingkang pantheistik. Ukara pambuka salebetipun naskah-naskah Sikh namung panjangipun kalih tembung, lan nyerminaken kapitadosan dhasar sadaya umat ingkang tangat dhumateng ajaran-ajaran salebetipun Sikhisme: Ek Onkar (Setunggil Gusti).
  • Ajaran Sedasa Guru Sikh (sarta para cendekiawan Muslim lan Hindhu ingkang dipuntampi) saged dipunpanggihi salebetipun Guru Granth Sahib.

Sikhisme dipunpangaruhi pagerakan éwah-éwahan salebetipun agami Hindhu (tuladhanipun Bhakti, monisme, metafisika Weda, guru idhéal, lan bhajan) sarta Islam Sufi. Agami punika mlampah saking adat-adat sosial lan struktur salebetipun agami Hindhu lan Islam (tuladhanipun sistem kasta lan purdah). Filsafat salebetipun Sikhisme gadhah tetenger logika, sadaya (asifat komprehensif), lan panyaketan ingkang prasaja dhumateng masalah-masalah spiritual ugi material. Teologinipun penuh kaprasajan. Salebetipun etika Sikh, boten wonten konflik antawisipun tugas pribadi dhumateng dhiri piyambak kaliyan masarakat.

Sikhisme asalipun saking laladan Punjab ing India, nanging sapunika pendhèrèkipun ugi saged dipunpanggihi ing manéka papan ing donya ingkang gadhah komunitas India. Ing Asia Kidul-wétan, umat Sikh kathah dipunpanggihi ing Malaysia lan Singapura. Umat Sikh saged dipuntepangi liwat namanipun ingkang kathah-kathahipun dipunpungkasi Singh kanggé kakung lan Kaur kanggé pawèstri.

Sedasa Guru Sikhbesut

Kessedasa Guru salebetipun Sikhisme inggih punika:

#NamiDados Guru nalikaMiyosTilar donyaYuswaBapaIbu
1Guru Nanak Dev20 Agustus 150715 April 146922 September 153969Mehta KaluMata Tripta
2Guru Angad Dev7 September 153931 Maret 150429 Maret 155248Baba PheruMata Ramo
3Guru Amar Das25 Maret 15525 Mèi 14791 September 157495Tej Bhan BhallaBakht Kaur
4Guru Ram Das30 Agustus 157424 September 15341 September 158147Baba Hari DasMata Daya Kaur
5Guru Arjan Dev28 Agustus 158115 April 156330 Mèi 160643Guru Ram DasMata Bhani
6Guru Har Gobind30 Mèi 160619 Juni 15953 Maret 164449Guru ArjanMata Ganga
7Guru Har Rai28 Fèbruari 164426 Fèbruari 16306 Oktober 166131Baba GurdittaMata Nihal Kaur
8Guru Har Krishan6 Oktober 16617 Juli 165630 Maret 16648Guru Har RaiMata Krishan Kaur
9Guru Tegh Bahadur20 Maret 16651 April 162111 November 167554Guru Har GobindMata Nanki
10Guru Gobind Singh11 November 167522 Dhésèmber 16667 Oktober 170842Guru Tegh BahadurMata Gujri

Guru Granth Sahib punika tèks suci ingkang dipunanggep déning para pendhèrèk Sikhisme minangka Guru kesewelasipun.