Meningitis

Meningitis inggih punika lelara amargi wonten infèksi ing meninges ingkang nutupi utek lan sungsum balung belakang.[1] Meninges inggih punika tiga lapisan jaringan ikat ingkang kawangun saking pia mèter (paling celak tumuju organ-organ sistem saraf), arachnoid, lan dura mèter (paling tebih saking utek lan sungsum balung belakang).[1] Meningitis saged dipunjalari déning manéka jinis organisme, kados ta virus, baktèri, utawi jamur ingkang nyebar mlebet wonten salebeting getih lan pindhah tumuju salebeting cuwèran utek ingkang saged njalari meninges aboh.[2] Meninges ingkang aboh punika saged njalari karusakan ingkang wigati ing saraf, utek, lan sungsum balung belakang.[2]

Meningitis
Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal
Selaput polo ing sistem saraf pusat: dura mater, araknoid, and pia mater.
ICD-10G00-ICD-10 Chapter G|G03
ICD-9320-322
DiseasesDB22543
MedlinePlus000680
eMedicinemed/2613  emerg/309 emerg/390
MeSHD008581

Penyebabbesut

Meningitis ingkang dijalari déning virus padatanipun boten mbebayani amarga saged mantun tanpa tetamba kaliyan pangrumatan ingkang wigati.[2] Nanging, meningitis ing dijalari déning baktèri bisa dados kaanan ingkang wigati sanget, kados ta rusakipun saraf utek, icalipun pangrungon, kirangipun kemampuan sinau, ugi saged njalari tilar donya.[2] Déné meningitis ingkang dijalari jamur arang-arang sanget, amargi jinis punika padatanipun nyerang tiyang ingkang ngalami karusakan sistem immun (daya tahan badan) kados ta tiyang ingkang kénging AIDS.[2]

Baktèri ingkang njalari meningitis inggih punika:

  1. Streptococcus pneumoniae (pneumococcus). Baktèri punika ingkang paling umum njalari meningitis ing bayi utawi bocah cilik. Jinis baktèri punika ugi saged njalari infeksi pneumonia, kuping, lan gronggongan irung (sinus).[2]
  2. Neisseria meningitidis (meningococcus). Bakteri punika dados penyebab kaping kalih ingkang kathah piyambak njalari meningitis. Meningitis saged kadadosan amrgi wonten infeksi ing saluran ambegan pérangan inggil lajeng baktèrunipun mlebet ing peredaran getih.[2]
  3. Haemophilus influenzae (haemophilus). Baktèri punika ugi saged njalari meningitis amarga njalari infeksi ing saluran ambegan pérangan inggil, kuping pérangan jero lan sinusitis.[2]
  4. Listeria monocytogenes (listeria). Baktèri punika salah satunggaling jinis baktèri ingkang njalari meningitis ingkang ditemokaken ing panggénan reged, wonten bledugipun, kaliyan ing salebeting panganan ingkang sampun terkontaminasi.[2]
  5. Baktèri Staphylococcus aureus [2]
  6. Mycobacterium tuberculosis[2]

Tandha-tandhabesut

Padatanipun tandha-tandha manawi kénging lelara meningitis inggih punika:

  • ngelu ingkang parah[1]
  • muntah-muntah[1]
  • panas dhuwur[1]
  • gulunipun kaku[1]
  • mripat sakit nalika kénging sinar[1]
  • kulit geseng-geseng[1]
  • Tandha-tandha ing bayi (balita) padatanipun angèl dipuntitèni. Nanging, padatan bayi dados lemes, menengan (boten aktif), dredegan, muntah, lan boten purun nyusu[2]

Cara Nanganibesut

Manawi wonten tandha-tandha utawi tandha-tandha kados ing nginggil punika kedah énggal dibeta dhateng griya sakit supados angsal perawatan kasarasan ingkang langkung intensif inggih punika pamariksan fisik lan sapanunggalanipun.[2] Manawi positif kénging meningitis,kedah diparingi antibiotik kanthi cara infus supados saged ngurangi resiko komplikasi.[2] Antibiotik ingkang dipunparingaken gumantung saking jinis baktèri ing ditemokaken ing badan ingkang kénging meningitis.[2]

Cathetan sukubesut

  1. a b c d e f g h Meningitis Archived 2012-07-29 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 29 Oktober 2012)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o Panyakit Meningitis Archived 2012-11-09 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 29 Oktober 2012)