Informasi

Informasi iku kawruh kang dijupuk saka pambelajaran, pangalaman, utawa instruksi [1]. Nanging istilah iki duwé akèh makna gumantung kontèksé, lan kanthi umum magepokan karo konsèp kaya makna, kawruh, negentropy, komunikasi, kebenaran, representasi, lan rangsangan mental.

Barkas:WikipediaBinary.jpeg
Informasi kang dinyatakaké sajeroning kodhe ASCII kanggo tembung "Wiki Informasi"

Ètimologibesut

Tembung informasi asal saka tembung Basa Prancis kuna informacion (taun 1387) kang dijupuk saka Basa Latin informationem kang tegesé “garis besar, konsèp, idé”. Informasi minangka tembung aran saka informare kang tegesé aktivitas sajeroning “kawruh kang dikomunikasèkaké” [2].

Istilah informasibesut

Akèh wong kang migunakaké istilah "era informasi", "masarakat informasi," lan tèknologi informasi, sajeroning babagan èlmu informasi lan èlmu komputer kang kerep disorot, nanging tembung "informasi" kerep dianggo tanpa pertimbangan kang teliti ngenani manéka makna kang ana.

Rujukanbesut

  1. American Heritage Dictionary: Information
  2. Online Etymology Dictionary: Information

Informasi